Rabu, 10 Juni 2020

MATERI UTAMA

UNGGAH-UNGGUH BASA

 

Basa iku minangka sarana kanggo komunikasi, kanggo nglantarake marang sawijining maksud utawa kekarepan marang wong sing diajak guneman. Basa uga dadi sarana kanggo nglairake panguneg-uneg kanthi cara nulis utawa maca. Mula anggone nggunaake basa kudu trep ora kena tumpang suh, kudu mangerteni marang sapa sing diajak guneman. Mula basa iku duweni unggah-ungguh. Unggah-ungguh basa minangka tingkatan basa ing basa Jawa. Bab iki nuduhake yen basa Jawa nduweni tingkatan wiwit saka basa tingkatane cendhak, tengah lan paling dhuwur. Perangane unggah ungguh basa ana 4 yaiku bisa dideleng ana ing ngisor iki.

1. Ragam Ngoko

Ragam ngoko wujude dumadi saka tembung ngoko. Ragam iki kaperang dadi loro yaiku:

1.1 Ragam Ngoko Lugu

Wujude tembung kabeh tembung ngoko ora kacampuran tembung krama, krama inggil lan krama andhap.

1.2 Ragam  Ngoko Alus

Wujude tembung ngoko nanging kacampuran tembung krama, krama inggil lan krama andhap.

2. Ragam Krama

Ragam krama wujude dumadi saka tembung krama.  Ragam iki kaperang dadi loro yaiku:

2.1 Ragam Krama Lugu

Wujude tembung kabeh tembung krama ora kacampuran tembung ngoko, krama inggil lan krama andhap nanging ing ragam iki asring digunakake tembung madya.

2.2 Ragam  Krama Alus         

Wujude tembung krama bisa ditambah tembung krama inggil lan krama andhap nanging ora kacampuran tembung ngoko, lan madya.

PANGANGGONE UNGGAH-UNGGUH BASA

1. Ragam Ngoko Lugu

1.1 Kanggo wong sapadha-padha kang raket banget

1.2 Kanggo wong kang dhuwur drajate tumrap wong kang luwih asor drajate

1.3 Kanggo wong tuwa tumrap wong kang luwih enom

1.4 Kanggo guneman dhewe

2. Ragam  ngoko alus

2.1 Kanggo sapadha-padha kang wis raket isih ngajeni

2.2 Kanggo sedulur enom tumrap sedulur tuwa kang isih ngajeni

2.3 Kanggo sanak sedulur tuwa marang sanak sedulur enom kang luwih dhuwur drajate

2.4 Kanggo ngrembug wong liya kang diajeni banget

3. Ragam Krama Lugu

3.1 Kanggo wong sapadha-padha kang ngajeni

3.2 Kanggo wong kang durung raket/ tepung

3.3 Kanggo priyayi marang priyayi sadrajat kalunguhane

3.4 Kanggo wong kang luwih dhuwur drajate nanging luwih enom umure

4. Ragam  Krama Alus

4.1 Kanggo anak marang wong sepuh, murid marang guru

4.2 Kanggo priyayi marang priyayi kang padha ngajeni banget

4.3 Kanggo wong kang durung tepung nanging ngajeni banget

4.4 Kanggo batur marang juragane   (wong kang luwih dhuwur drajate)

4.5 Kanggo ing kahanan resmi kayata pranata cara, medhar sabda

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

ARTIKEL TERPOPULER